Beranda Bebasan Wargi Perum. Grand Sutera Cilegon Blok.C RT.20 Ngemeriahaken HUT RI Kaping...

Wargi Perum. Grand Sutera Cilegon Blok.C RT.20 Ngemeriahaken HUT RI Kaping 77

515
0
Wargi Perum.Grand Sutera Cilegon Blok. C RT.20, Ngemeriahaken Momen Kemerdekaan Sareng Perlombean lan Pementasan Seni)

CCN, Ing dalem ngemeriahaken HUT RI kang kaping 77, wargi Perum. Grand Sutera Cilegon Blok.C RT.20 sampun ngelaksanakaken katah perlombean sing tanggal 13 Agustus 2022 lan engkin reramean puncakke tanggal 27 Agustus 2022.

Rizki Arisany (Kordinator Acare) nyampekaken enggih puniku lombe-lombe wenten; Lombe Adzan,Ngewarnai, Ngaji, Balap Kelereng, Dahar Kerupuk, Karet Tepung, Mindahaken Bendera, Balap Karung, Pancing Botol, Joget Balon, Catur, Gaple, Panjat Pinang. Lan perlombean kang paling didemeni kangge bapak-bapak Perum. Grand Sutera Cilegon Blok.C RT.20 enggih puniku lombe futsal antar gang.

Tujuan diselenggarekan kegiatan niki, enggih puniki;
1. ngeperingati dinten kemerdekaan serte ngenang malih perjuangan pahlawan kang sampun 77 tahun sengen ngemerdekakaken Negare Indonesia.
2. ngedorong lan nyiptakaken jiwe nasionalis kang wargi Indonesia.
3. ngerattaken rase deduluran dan kesatuan wargi.
“Engkin tanggal 27 Agustus 2022 sipeng, semogi wargi Perum. Grand Sutera Cilegon Blok.C RT.20 bangkit rawuh nyaksikaken pentas seni kang sampun disiapaken salah siosse Ubrug. Kesenian ubrug niki teater tradisi kang wenten unsur teater, musik, tari, dan seni bela diri. Cerite niki digelar engge komedi tradisi,” Tutur Rizki Arisany (Kordinator Acare), salah sios warga Perum. Grand Sutera Cilegon Blok.C RT.20.(Kamis, 25-08-2022)

Ubrug kang ayun digelar niki gabungan saking Wargi Blok C lan Teater Wonk Kite (Asiatul Jannah Al Bantani Foundation). Enggih puniku Teater wonk kite maler wara wari sing tahun 2004 lan maler berkarye ning akar rumput atenapi masyarakat ning kampung-kampung, ngenalaken malih teater tradisi ubrug ning masyarakat Cilegon, kang sampun lambat boten ditongtonaken malih. Ubrug kolaborasi niki hadir hasil pemikiran lan regenerasi bocah enem sekeperipun kedahhe ngehargai keberlangsungan dedalan teater tradisi ning Cilegon.

Aman Tajudin (Ketua Teater Wonk Kite, lan tokoh Mad Pelor) nyampaikan enggih puniku Mad pelor kang diperananken lan dewekke sampun sesuai petunjuk saking Sutradara Ubrug, kareni ning pementasan Ubrug Mad Pelor versus Goebels boten wenten tetulisan lan coretan katah, dadi kedah ngembangaken karakter Mad Pelor dewek.

“Tokoh Mad Pelor ini rawuh ning tetengahan rakyat Indonesia kang lagi sengsare akibat kelakuan Goebles, Mad Pelor niki dadi simbol bahwe wong sengen dede cuman ikhtiar atenapi ngelatih pence genah ngejage dewek lan masyarakat tapi uge ngupaye medekaken ati lan badan kang Sang Pencipte, engkin wenten adegan transfer ilmu ngadahaken ke kalih tangan sareng-sareng diduhur, ” tutur Aman Tajudin seampunne latihan ubrug.
(Ahdi Z. Amri)